Jumat, 25 November 2011

PARIKAN DAN PARIBASAN

 PARIKAN

Definisi parikan ialah tradisi lisan, budaya lisan dan adat lisan adalah pesan atau kesaksian yang disampaikan secara turun-temurun dari satu generasi ke generasi berikutnya. Pesan atau kesaksian itu disampaikan melalui ucapan, pidato, nyanyian, dan dapat berbentuk pantun, cerita rakyat, nasehat, balada, atau lagu. Pada cara ini, maka mungkinlah suatu masyarakat dapat menyampaikan sejarah lisan, sastra lisan, hukum lisan dan pengetahuan lainnya ke generasi penerusnya tanpa melibatkan bahasa tulisan. (http://id.wikipedia.org/wiki/Tradisi_lisan)


Definisi lain, Parikan iku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata). (http://id.wikipedia.org/wiki/Tradisi_lisan

Parikan adalah bunyi yang pada bagian pertama sebagai sampiran atau penentu suara, kedua adalah berupa isi. Diungkap dalam bahasa Jawa,
Parikan yaiku ‘unen – unen rong perangan perangan (bagian) kapisan kanggo pancandan (sampiran) (kanggo pentokaning swara), dene perangan kapindho mawa teges (merupakan isi) kang dikarepake.’
Parikan adalah bunyi yang terdiri atas dua bentuk yang pertama untuk menarik perhatian yang berupa sampiran dan yang kedua berupa isi.
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata)
http://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan
.

Peran pantun (parikan) sebagai alat pemelihara bahasa, pantun berperan sebagai penjaga fungsi kata dan kemampuan menjaga alur berfikir. Pantun melatih seseorang berfikir tentang makna kata sebelum berujar. Ia juga melatih orang berfikir asosiatif, bahwa suatu kata bisa memiliki kaitan dengan kata yang lain. Secara sosial pantun memiliki fungsi pergaulan yang kuat, bahkan hingga sekarang. Di kalangan pemuda sekarang eharusnya, kemampuan berpantun biasanya dihargai. Pantun menunjukkan kecepatan seseorang dalam berfikir dan bermain-main dengan kata.
Parikan ada dua warna, (dua jenis) yaitu
1. Terdiri atas 2 kalimat yang bersajak.
2. Saben saukara kedadean saka rong gatra (larik). Dalam hal ini adalah bentuk parikan panjang
3. Ukara pertama berupa purwaka (sampiran), ukara kedua berupa uwose (isi)
.


Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Parikan iku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
Dari Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas
Parikan atau kidungan adalah salah satu bagian dalam kesenian tradisional ludruk. Di dalam ludruk, ada tiga jenis parikan saat bedayan (bagian awal permainan ludruk). Yaitu, lamba (parikan panjang yang berisi pesan), kecrehan (parikan pendek yang kadang-kadang berfungsi menggojlok orang) dan dangdutan (pantun yang bisa berisi kisah-kisah kocak).
CONTOH PARIKAN :
1.     Kucing cilik kepidak jaran
Jran Teji Kecemplung kali
Maling pitik Mlebu Pakunjaran
Sing Korupsi dianggep lali

2.     Sego beras di buntel godong
Godong tekik bolong-bolong
Bojo Ayu moblong-moblong
Leno sitik colong uwong

3.     Motor cilik larang regane
Motor kuno moro’o mrene
Wong cilik rekoso uripe
Perkoro lengo ra ono entek’e


4.     Sego gudeg soko kahuripan
Kahuripan jenenge sepur
Wis Mbededeg golek panguripan
Panguripan di sikat sing nduwur

5.     Kucing limo ilang buntut’e
Buntut sapi dinggo pecutan
Perkoro lengo ora ono entek’e
Jebul di korupsi sing duwe
jabatan

Contoh parikan sendiri
A.  
1.     Gajah diblangkoni
              Isa klojah ra iso nglakoni
2.     Pak gayus tuku wedus
Mas yus durung adus
3.     Ana jus kentange kei es
Mas yus bintange aries
4.     Bubur sumsum anta rasane
Bu sum kusuma arane
5.     Ana sekar kena udut
Dzulfiqar pancen gendut
6.     Ana loyang dinai es
Nonton wayang nang TBRS
7.     Ana gedang diwolak walik
Durung madang aja balik

Contoh Parikan Buatan Sendiri.



1.     Pring ori tugel pucuke
Di gawe batang seruling
Ning ora saiki besuke
Asal urip bisa kesanding

2.     Mangan gedang buang kulite
Dibuang tempat sampah
Olih bujang akeh duite
Asal rejekine halal berkah

3.     Omah gedhong langka isine
Sanajan mewah tapi bolongi
dadi wong seneng gengsine
Mundhak akeh sing ngomongi

4.     Gerong iku mung saderma
Kanggo angiringi nembang jawi
Wong urip mung sadela
Mula pereka marang ilahi

5.     Mancing iwak ana segara
Yen olih digawa bali
Saiki lagi mentingake awak
Kanggo nglatih marang ilahi

6.     Numpak kreta mudun poncol
Nggawa barang numpak becak
Jare sapa dukun jempol
Ngobati dewe malah cilaka

7.     Bungah ngeh lan swarane
Lagi mireng ana kupingku
Kuliah diunnes akeh kancane
Dadi seneng rasa atiku

8.     Tradisi slametan wis biasa
Gunungan iku dadi mangsa
Generasi mudha harapan bangsa
Sing membangun negara indonesia

9.     Jajan bolu karo tela
ajining diri saka busana
sanajan aku wong desa
Nanging ora geden rumangsa






PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.
 
CONTOH PARIBASAN


Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Asu marani gebug = njarag bebaya
Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati


Contoh paribasan sendiri

1.   Sabda pandhita ratu,tan kena wola wali = Tidak boleh mengambil ucapan yang sudah keluar dari mulut
2.    Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
3.     Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
4.   Abag-abang lambe = guneme mung lamis
5.   Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liya




1 komentar: