Jumat, 25 November 2011

Analisis serat rijanta


kala rumiyin ing nagara surakarta niku, wonten satunggaling priyantun luhur, nama Pangeran Natasewaya, kagungan putra namung satunggal jaler sakalangkung mursid, namanipun Raden Mas Riyanta, wiwit umur nem taun lajeng ketilar seda ingkang rama, lastantun kaemong ingkang ibu wonten ing dalem Natasewaya.
Raden mas riyanta niku ditresnani saking ibune, napa kemawon sing dikarep dening Raden Mas Riyanta, ibune nuruti. Dipunuja sakarsa boten nate kecuwan. Awit swarga pangeran Natsewaya sakalangkung sugih. Kathah barang tuwin raja brana titilaranipun.
Sareng umur pitung taun, Raden Mas Riyanta niku lajeng pisan kaliyan ibu, kasekolahan teng semarang. Tumut ingkang paman nama Raden Mas Tadhawijaya, inggih menika sadereke dening Raden Ayu Natasewaya.
Raden Ayu Natasewaya niku kagungan kaponakan satunggal ptri umur kawan welas taun,nama Raden Ajeng Marsam, punika putrinipun Raden Mas Tandhawijaya.
Cekak cariyos, Raden Mas Riyanta niku katamuan kalih Raden Mas Duryat. Raden Mas Duryat niku dhatengingipun ing ngriku badhe ngajak Raden Mas Riyanta dhateng teng alun alun ningali komidhi hindhu. Raden Mas Riyanta niku pancen mboten purun,amargi ibunepun rawuh ing ngriku. Ananging dipeksa saking Raden Mas Duryat niku akhire Raden Mas Riyanta nuruti.
 Sak nyampene ing alun-alun ngriku Raden Mas Riyanta mboten kepengen dangu-dangu amargi Raden Ajeng Marsam niku sampun ngendiko amargi wangsule sampun dangu.
Dereng ngantos dangu anggenipun main teng alun-alun niku wonten bancana ingkang andhatengi, lajeng anyalat payon geber ing ngingil,urubing latu katempuh ing samirana kados binuncang anyalat ngiwa nengen,para tiyang pating jelerit,wonten ingkang sambat nyuwun tulung,wonten ingkang bingung ngupadosi putranepun,saweneh wonten ingkang tumbuk-tinumbuk.
Raden Mas Riyanta niku sanget kanget amargi ketumbuk kalih lare estri kinten kinten umurkawan welas tahun,lare wau meh badhe dawah, lajeng dipuncandhangi Raden Mas Riyanta kacepeng tanganipun ingkang tengen.lajeng Raden Mas Riyanta niku kenalan kalih lare estri nanging lare estri wau mboten wangsuli. Sing sebenere jenenge niku Raden Ajeng Srini.
Banjur teng griya,Raden Ajeng Srini niku  cerita kaliyan Ramanepun ingkang Asmanipun Kyai Pramayoga ngenani bab ketemune lare jaler ing alun-alun wau.
Raden Ayu Natasewaya niku nesu amargi Raden Mas Riyanta meniko dereng kondur. Raden Ajeng Marsam niku didawuhi dening Raden Ayu Natasewaya kangge sanjang kalih Raden Mas Riyanta kenang apa kok jane kala wingi wangsulepun dangu, Raden Mas Riyanta pun wangsuli.
Raden Mas Riyanta niku atine penasaran kalih lare putri sing dak wingi kae ketemu nang alun-alun. Raden Ayu Natasewaya niku kepengen jodohna Raden Mas Riyanta kalih putrinipun Kyai Dipati nangging Raden Mas Riyanta niku mboten purun amargi Raden Mas Riyanta niku sampun katresnan kalih lare putri sing ketemu nang alun alun kae. Banjur Raden Mas Riyanta niku lunga saking griyanipun.Lare estri niku asmanipun Raden Ajeng Srini.
Kaluarganepun Raden Mas Riyanta niku kaget amargi Raden Mas Riyanta niku nekat banget tindhak saking griya.
Cekak cariyos  Raden Srini badhe dijodohake kaliyan jejaka saking Rembang. Karana kuciwa kaliyan bab menika, lajeng Raden Mas damel gambar ingkang gambaripun Raden Srini. Ibu Raden Mas lajeng  tindak ing dalemipun kyai Pramayoga, kagem pirsa babagan jejodohan sakmenika. Ananging kabar-kabar sakmenika boten leres. Lajeng ibu Raden Mas nglamar Raden Srini kagem didadosaken mantu Lare estri sing arep dijodohake kalihan Raden Mas Riyanta menika lare sing disenengi yaiku Raden Ajeng Srini.
Pungkasan ing cerita iki Raden Mas Riyanta kaliyan Raden Ajeng srini akhire nikah.

Unsur Estetika :
A.    Sarana Cerita
1.         Tema
Tema wonten ing Serat Rijanta inggih menika kisah katresnan lan caritane pun uripe Raden Mas Riyanta.
2.         Setting
·            Latar wektu                 :   Siang (kala Raden Mas Riyanta niku badhe katemuan kalih mitranipun )
Dalu ( ing ngriku kala  raden Mas Riyanta dereng wangsul saking alun-alun)

·            Latar suasana  :  bunggah ( amargi Raden Mas Riyanta niku nikah kaliyan Raden Ajeng  Srini)
Duka ( kala Raden Mas Riyanta niku mangertos ananging Raden Ajeng Srini badhe dipun lamar saking rembang)
ajrih (ing ngriku raden Mas Riyanta niku bakal atur wangsulan, yen ibu sida rawuh ing
pasanggrahan andangu bab gelemku rabi, karan tuturku menyang
Sam)

Latar panggenan     : Ing Gadrih ( Raden Ayu Natasewaya lenggahan wonten ing gadrih wetan)
Dalem Tamansari (ing ngriku Kyai Pramayoga kondur ing dalem taman sari)
Dalem pasanggrahan (Raden Ajeng Marsam taksih sare ing ngriku)
Gadrih Wetan (Raden Mas Riyanta lenggahan piyambakan ing ngriku)
alun-alun (enggalipun lare kakalih lajeng sami mangkat dhateng ing
alun-alun.

3.         Tokoh
a.          Raden Mas Rijanta
b.         Raden Ayu Natasewaya
c.          Paman Tandhawijaya
d.         Raden Ajeng Marsam
e.          Raden Ajeng Srini
f.          Raden Mas Duryat
g.         Kyai Pramayoga
h.         Garwanepun Kyai Pramayoga

4.         Watak
a.          Raden Mas Rijanta                 : pinter, sabar,tanggung jawab,isinan,gelem prihatin.
b.         Raden Ayu Natasewaya         : gadah sifat keibuan,penyayang.
c.          Raden Ajeng Marsam : penurut, apik atine.
d.         Raden Ajeng Srini                : manutan.
e.          Raden Mas Duryat :  angel,aneh.
f.          Kyai Pramayoga : wibawa.
5.         Sudut Pandhang
Sudut pandang wonten ing Serat Rijanta inggih menika kawiwitan wonten ing basanipun ngagem basa krama inggil.
6.         Alur
Aluripun majeng amarga caritane iku urut.

B.     Fakta Cerita
1.      Judul : Serat rijanta
2.      Amanat : jodoh iku ora usah diluruh,menawa jodoh yo mengko marani dhewek.










Tidak ada komentar:

Posting Komentar